Tarmo ari mlaku gitir baĕ nganti aku sing ngetutna kepunthal-punthal dewĕkĕ mesti pengin gagian butul Maring PUSKESMAS, ya ora ina sebab wong tuanĕ loro-loronĕ lagi dirawat ning kana. Tarmo maringgngonĕ aku janjanĕ nggawa motor tapi sebab dalan setapak tur kondisinĕ angĕl dadinĕ motorĕ di tinggal ning pinggir dalan gedĕ. Sewisĕ mlaku kurang lewih 200 meter ahirĕ butul maring gili, tarmo gagian numpak motor, aku mbonceng neng mburi.
Bareng motor distater aku kemutan dagĕs sing mau digorĕng urung di buang, “ Mo.. dĕla mo “! Aku ngomong madan rosa soalĕ brisik ding suara motor. Ana apa lik ? Dagesĕ urung dibuang Mo, aku wedi mbok mengko si Mela balik ngaji dagese dipangan“! Aku gagiyan baĕ mbrosot mudun sing motor mlayu balik maring umah. “ ya wis gagian Lik “! Tarmo njawab cindek karo madan gathik.
Untung aku kemutan, angger ora toli bisa – bisa si Mela mĕlu wuru , padahal bocaĕh dela maning balik ngaji sing langgarĕ Wa Kaji Dirin. Ngerti ana dages ngglĕtak nden terus gotot baĕ dipangan, apa maning bocaĕh pancĕn banget senengĕ dages. Karuansi dadine seneng sebab aku seringe masak dages, kadang di jangan karo lombok abang kadang digorĕng biasa. Ya primen maning, panganan sing murah tapi enak jaman sekiye anane kur dages thok.
Dipikir-pikir janjanĕ aku sok keblinger , si Mela bocah diempaninĕ gĕ dages koh ngarep-arep pinter, angger ning sekolah olih nilĕ ala aku sok ngomaih. Tapi si Mela nĕ ya lewih ngayawara maning genah – genah kaya kuĕ
( mangane ge dages ) cita-citanĕ pengin dadi bupati, mbuh jĕrĕ sapa. Jenengĕ bocah cilik ya nden urung bisa mikir dawa, ujar-ujarĕ dadi bupati duitĕ ora kudu karungan, dunyanĕ mardiah ndĕan. Padahal Biyungĕ kadang arep nempur gĕ bingung ..heh .. koh gayaan.
Butul umah dages ning piring langsung tek rĕkot terus tek buang ning mburitan, bar kuĕ aku gagian mlayu maning balik maring gili, aku ora kepenak karo Tarmo mbok ngentenine kesuwen. Ning dalan aku ketemu Mela bar ngaji, dewekĕe biasanĕ mangkat bareng karo Ita anakĕ kang Marno. Tapi sorĕ kiyĕ Mela berarti mangkat dĕwĕkan, ilokan Mela ngerti apa ora angger Ita ora mangkat ngaji gara-garanĕ wuru dages, aku lagi mikir kaya kuĕ Mela Takon “ Ma, arep maring ndi ?” dĕnĕng kayong kesusumen ?” aku gagiyan njawab “ Aku arep maring PUSKESMAS, tilik Kang Marno karo mBa Ita, anger ko kencot gari madang baĕ , panganan wis tek siapna ning mĕja “!aku ngomong ndritil baĕ soalĕ anu lagi kesusu. Nembĕ baĕ arep lunga Mela takon maning “ Dagesĕ wis digoreng mbok Ma ?! Duh....... Untung baĕ aku kĕmutan, angger ora toli...
Aku ahirĕ mandeg, gara-gara kesusu dadi aku ora sempat njelasna maring Mela sebabĕ Kang Marno karo Ita ning PUSKESMAS. “ kiyeh La, dagesĕ anu muroni dadinĕng miki wis tek buang ning mburitan,Kang Marno karo mba Ita ning PUSKESMAS gara-garanĕ wuru mangan dages “! Aku nembĕ rampung ngomong Mela langsung komentar “ oh mulanĕ si aku mau Nyamper ngaji Mba Ita umaeh sepi ora nana wong “! Ya wis La aku mangkat, aku ora suĕ ikih ning PUSKESMAS ko tunggu umah aja lunga-lunga “! Bar cep ngomong gagian bae aku nerusna mlaku.
Marno delengĕ mbethutut, dewekĕ ndegol ndean sebab aku kesuwen, “ maaf ya Mo aku madan suĕ, soalĕ aku miki papagan karo Mela, dadi crita sedĕla “! Tarmo ora njawab langsung nyetater motor. Sing umaĕh aku maring PUSKESMAS jarakĕ rong kiloan, Tarmo ari nggawa motor bantermen , nganti aku cekelan beyekanĕe dewĕkĕ kenceng men.
Butul PUSKESMAS delengĕ wong wis akĕh men jibeng baĕ. Aban-abanĕ sing wuru nganti wong patang puluhan suasananĕ kaya pasar baĕ. Aku ngetutna Tarmo usel-uselan nggolĕti Keluarganĕ Tarmo karo Kang Marno.Ora let suĕ ahire ketemu, soale Tarmo pancen wis weruh nggonĕ sedurungĕ. Yu Tarwen jĕjĕran ambĕne karo bojonĕ, neng sebelaĕh maninng Kang marno Karo Ita, kabĕh pada di infus.
Weruh aku Yu Tarwen awĕ-awĕ, bener jĕrĕ Tarmo angger biyungĕ karo bapanĕ tah wis mandan mending buktinĕ wis bisa awĕ-awĕ. “sukur Jum angger ko ora pa-pa tah , aku miki gagian prĕntah Tarmo maring nggonmu, jĕrĕ ko ora na na neng kĕnĕ dadi aku kuatir mbok ko langka sing nulungi”!.Yu Tarwen ngomongĕ alon tur lirih, mungkin ĕsih lemes. “ Ya alhamduliilah Yu, aku urung sempat mangan dagesĕ “.aku njawab karo matanĕ mbrambang.” Ngapuranĕ ya jum, aku ora ngerti angger dagesĕ muroni “! Yu Tarwen ngomong maning karo matane melu mbrambang”! aku terus nyekel tanganĕ “ ora papa yu jenengĕ musibah langka wong sing ngerti”!.
Bar critaan karo yu Tarwen aku terus mĕrĕk maring kang Marno, aku njagong neng pinggir ambĕn sing di turoni kang Marno. Kondisinĕ Kang Marno urung sadar. Matane ĕsih merem, tapi abanĕ esih ambekan kur alon..Neng sebelaĕh Kang marno ana Ita, jĕrĕ yu tarwen Ita kondisinĕ wis apik, delengĕ lagi merem tapi jĕrĕ anu turu, aku melasmen weruh Ita. Angger ana apa –a pa karo kang Marno si Ita kepriwĕ, padahal biyunge ya lagi ning luar negeri. Tanganĕ kang marno tek pijeti alon-alon, aku mrebes mili weruh kondisinĕ kang Marno karo mikirna nasibĕ Ita. Ora sadar aku mijeti karo undang-undang jenĕngĕ kang Marno, “ Kang Marno emut kang, melas karo Ita kang.. bolak balik aku ngomong kaya kuĕ.
Sue aku ari mijeti karo undang-undang , bareng anu aku weruh matanĕ kang Marno obah kaya arep melĕk, Aku kagĕt karo bungah gagian baĕ aku ngundang Tarmo “ Mo.. Kang Marno emut..”! Tarmo merek “ Iya lik.. Wa Marno emut “ Tarmo mĕlu ngomong nadanĕ bungah. Ora let suĕ matanĕ kang marno mbuka lewih amba terus ndelengna aku baĕ, pandanganĕ anĕh... aku dadi madan wedi, ilok ndarani aku arep nembung utang maning , angger kaya kuĕ tah kebangeten temen kang Marno karo aku. Lagi baĕ aku mikir kaya kuĕ abanĕ kang marno ngomong, suaranĕ lirih.. “ ngapura aku ya Jum “! Aku kaget campur lega, berarti pikranĕ aku salah. “ ya pada-pada kang, dasarĕ kang marno ora salah karo aku “! Suarane aku teg gawĕ sebijaksana mungkin.
Ora let suwĕ kang Marno ngomong maning “ Jum aku miki ngimpi, kanan-kananĕ aku mabur duwur nganggo klambi putih-putih, ijig –ijig ana wong wadon undang-undang ning ngisor, abanĕ kaya suaranĕ ko, bareng anu aku nylinguk pancen weruh ko lagi ngawĕ-awĕ,”! kang marno mandeg sedĕla ari crita delengĕ ĕsih rekasamen ari ngomong, nembĕ bae aku arĕp ngomong kon isirahat disit, kang marno wis gagian ngomong maning “ delengĕ ning tanganĕ ko nyekel duit akĕh men, aku terus balik maning”! ( dasar wong pelit ngimpi ge esih melik duit ) “ tapi bareng wis perek temen jebulĕ ning tanganĕ ko udu duit tapi pulut sing delengĕ banget lengkĕtĕe, terus ko gagian baĕ njabrug aku karo menging kon aja lunga, aku mbabit sebab di undang-undang ujarku arep di nĕi duit malah dijabrug pulut, tapi nganan – kananĕ tenaganĕ ko kuat men, aku nganti ora bisa apa-apa... ngerti-ngerti aku ĕmut terus weruh ko wis neng ngarĕpku...
Wuih... kaya sinetron baĕ abanĕ... aku dadi madan sesek dadanĕ krungu critanĕ Kang Marno.berarti kang marno ĕmut gara-garanĕ aku (aku mandan GR ). Meh sejam aku ning PUSKESMAS, aku kemutan Mela dewekan neng umah dadi aku ngajĕk Tarmo kon njujugna aku balik. Butul umah mela urung turu, delengĕ lagi sinau neng kamar. Aku kur nglogok kamarĕ Mela thok trus langsung maring sumur arep wudhu soalĕ aku urung sholat Isya.
Wengi kiyĕ aku ora bisa turu padahal aku wis mapan kawit mau, aku lagi mikir kedadian dina kiyĕ, rasanĕ koh werna-werna men. Selianĕ kuĕ aku juga lagi mikir Bayaran sekolaeh Ita karo duit nggo mbayar listrik soalĕ aku wis njanjeni ngĕsuk. .Sebenere aku duwĕ enthok ( menthok ) ana sepuluh wis gedĕ-gedĕ. Angger di dol kabĕh yang ana rega telungatusĕwuan, tapi jan-janĕ eman-eman soalĕ tingalanĕ babapnĕ Mela, jĕrĕ kon dirumat sing bener . Angger disembeleh nggo dipangan dĕwĕk tah ora pa-pa tapi aja nganti di dol kabĕh. Tapi angger wis kepĕpĕd ora nana dalan lia ya kepriwĕ maning, daripada Mela ora bisa sekolah sukagĕ diomaih bojo.
“ Ma... ma aku arep mangkat “! Aku njengĕlĕk kaget, abanĕ Mela pamitan sekolah, kiye wis jam pira ilok ? brarti wis jam tengah pitu deneng Mela mangkat Sekolah? Aku ucek-ucek mata karo ndeleng jam neng duwur lawang kamar , Innalilahi bener wis jam tengah pitu, gara-gara ora bisa turu mambĕngi dadinĕ aku kawanen. Aku gagian baĕ metu, Mela lagi njagong ning kursi ngarep. “ Ma .. bayaran sekolaeh Priwĕ ?” aku nggragap, soalĕ pancen urung ana duit. “ Dela aku maring nggonĕ Tarmin disit, Aku arep tawa enthok.. “! Aku njawab karo lunga maring sumur arep raup disit.” Tapi gagian Ma, solaĕ wis awan “! Si mela nyaut maning karo madan jengkel.
Aku mlaku karo anggang-onggong maring sumur ning mburitan rasanĕ ĕsih ngantuk. Bar sekang kamar mandi aku niliki kandhang ĕnthok, delengĕ lawangĕ wis mbuka. Berarti Mela miki wis ngeplong kandhangĕ, pancen saben ĕsuk aku nugasi Mela kon mbuka kandhang ethok, soalĕ pancen di ndar kon nggolĕt pangan dewek. Bagen mengko si Tarmin sing kon ndikepi dĕwĕk, kader bakul ethok nden bisa ikih, aku ngomong ning ati.
Tapi bareng aku lagi mlaku arep maring nggone Tarmin kagĕt setengah mati... Biyung !!! ...aku weruh enthokĕ pathing njlungkanang pada mati nig kidul umah... dengkulĕ langsung lemes. Aku kemutan mambengi mbuang dages ning mburitan.. berarti dagese dipangani ĕnthok...... ndasĕ aku langsung pet-petan, peteng !!!!
(bersambung)

0 Comments:
Post a Comment