selamat datang di gumelar.blogspot.com

Selasa, 16 Juni 2009

istilaeh...

Sega mateng Keprok

Sering nggo nggambarna peran wong sing kur nggo genep-genep thok utawane penggembira. Wong sing di posisikna ora usah ngapa-ngapa ngertine matenge. Pokoke angger segane mateng gari keprok.

Luak mangan tepes
Nasibe awak lagi apes, nggo nggambarna awak sing selalulne apes.

Brantawali campur aspal
Nggo nggambarna sikap wong sing pelit, pait. dadi ari pelit nganti pait kaya barantawali di campur aspal.

sawah seclogek larang regane
Nggo ngambarna wong sing sok wadonan dadi ngrusak utawa ngrugikna segala-galane ya dunya, ya keluarga,ya uripe.

Jago Nggiring Pitik
Nggo nggambarna wong lanang sing kudu ngrumat anak/momong anak sebab biyunge ora nana utawa lunga ngode. dadi nggo nggambarna tanggung jawab nggolet duit sing kudune ding wong lanang tapi dilakukna wong wadon...

Duda kepeksa
Meh.. pada karo jago nggiring pitik, dadi wong lanang sing di tinggal bojone udu merga mati, tapi krena kondisi kudu nggode nggolet duit.

Cipir
Cipir sering nggo madakna wong sing kecing utawane ora wani.....

Entong Bangkang Entong Urang/Entong Bebek entong Meri
Nggo nggambarna wong sing wis ora due apa-apa sebab rugi utawane entong-entongan merga liane.

Kebo Nyusu Gudel...
Wong sing lewih tua manut karo wong sing lewih enom, utawane wong tua sing ngadelna anakae..

Tambah Njengking tambah jero
Wong sing tambah-tambah utang terus sing akhire tambah keblebek ding utang..

Panen Mata pailen Gulu..
Kur bisa ndeleng thok tapi ora bisa ngarsakna... nggo ngibaratna weruh wong utawa situasi sing kepenak tapi ora bisa melu ngarasakna...

Kucing-Kucing di Raupi
Nutupi keadaan wong sing ora patut dadi di patut-patutna utawa kon katotn patut... seanane di anak-anakna..

Wedus dipupuri
Nggo nggambarna wong wadon sing ora ala rupane

Buntel Kadut
(angger ora salah nulis...)
Nggo ngambarna wong sing nyerahna utawa mercayakna kabeh urusan maring wong lia.. nertine rampung urusane..





1 Comment:

johnthor said...

wihihi,..tambah njengking tambah njero,..q suka yang itu..