selamat datang di gumelar.blogspot.com

Sabtu, 02 Mei 2009

DAGES

Sorĕ kiyĕ pada karo sorĕ liyanĕ, hawanĕ adhem nganti butul balung. Manuk ulik-ulik moni baĕ kawit mau nambaih rasa sing ora karuan. Jĕrĕ wong angger ana manuk ulik-ulik moni baĕ tandanĕ arep ana wong mati. Aku ora peduli janĕ maring hal kaya kuĕ, kader wong ya kabĕh arep mati. Tapi sorĕ kiyĕ aku rasanĕ banget ndeggole, ndegol sing ora kira – kira nganti ora pengin apa-apa ,dadinĕ krungu suara manuk sing ngulik-ngulik gawĕ ati tambah pating semregot nglangsa pengin nggembrot.


Jan-janĕ sore kaya kiĕ enakĕ medang teh anget sing buket lawueh gorĕngan dages jen nyamleng rĕtung, apa maning aku tes di kirim dages mentah ding Yu Tarwen mau awan. Miki karo adang dagesĕ nyambi tek gorĕng , niatĕ nggo lawuh medang sekiyĕ, tapi bareng anu temen rasanĕ wis ora pengin mangan apa-apa dadinĕ dagesĕ ngglĕthak baĕ ning piring ora tek lirik acan, urung mangan’gĕ rasanĕ wis wareg. Soalĕ Aku lagi kemutan baĕ omongane Kang Marno mau awan, jan banget nglaraninĕ, di tembungi utang , awĕh ora malah nyeramaih werna-werna ditambaih omonganĕ kaya bathuk dislomodhi bamba pating sementhlĕp . “ kiyĕh jum, dadi wong kuwĕ kudhu rumangsa, ko kuĕ janĕ wong wadon sing kudhu bersyukur, bojomu duĕ tekad apik, sebab pengin nyukupi kebutuhanmu karo anak-anakmu, nganti ditilalaih ngodĕ maring luar. Lah ko sing di tinggal kudu bisa ngatur duit sing bener, dadinĕ ora nganti kurang, nembung-nembung utang kaya kiyĕ apa ora isin? mbok melasi bojomu ,ndarani ora tau ngirim duit”. Omonganĕ kang marno sing kaya kuĕ ĕsih gemrenggeng ning kuping kaya kasĕt sing wara wiri disetĕl jen ora ilang-ilang.


Asem..asem, aku kur bisa ngedhumel ning ati, gara-garanĕ tah salaĕh nyong baĕ, wis ngerti kang marno kuĕ wong pelit ĕsih wani-wani ditembungi utang. Kang marno pancĕn wis terkenal pelit sĕ lingkungan, nganti ana sing maribasakna angger ngising gĕ taine di ayaki mbok ĕsih ana kecambah sing bisa diarah ( kebangeten yoh ari ngarani ). Tapi ujarku mbok karo aku tah sĕjĕn. Soale jĕrĕ ĕsih mambu sedulur, bapanĕ Kang Marno jĕrĕ kakangĕ biyungĕ aku dadi ĕsih ke’etung bareng putu. Jebulĕ jen pada baĕ, ora mbĕdak-mbĕdakna ari pelit,karuansi berarti adil, ndean sotĕn.

Dasar luak mangan tepes nasibĕ awak lagi apes, dina kiyĕ kayanĕ dina sialĕ inyong. Nembĕ tangi turu ĕsuk-ĕsuk mau tukang krĕdit wis nunggu ning latar, jĕrĕ utangĕ nyong wis jatuh tempo. Kader utang panci siji gĕ wis dicicil ping sewelas ( anu ping rolas ) aban-abanĕ kaya utang trilyunan, ĕsuk-ĕsuk sing nagih wis metonggo neng latar mbok ndarani aku mlayu ndĕan, kayanĕ konglomerat sing utang BLBI gĕ ora nganti kaya kuĕ, tangi turu wis ditagih utang. Wis kaya kuĕ awan sepethit si Mela ( wong desagĕ aweh aran anaktah apik nin ) anakĕ nyong siji-sijinĕ sing lagi seklolah ning SMP kelas 2 nembung njaluk duit nggo mbayar urunan pembangunan, jĕrĕ angger ora mbayar ora bisa mĕlu tes. Aku bingung jĕrĕ wis ana program BOS sing pemerintah dadinĕ sekolah bisa murah, tapi nyatanĕ esih kudu mbayar akĕh kur judulĕ bae sing sĕjen, angger kaya kiyĕ caranĕ ya sami mawon alias pada baĕ lombo. SPP ne gratis tapi urunan pembangunane gedĕ. BAS BOS ndĕan dadinĕ gemBOS.


Penderitaanĕ nyong ternyata ora cukup semono, nembĕ cep njanjĕni si Mela arep diusahakna duit ngesuk, ndilalah teka si Tarmo takon bayaran listrik. Aku pancĕn mĕlu nyalur listrik ning Tarmo, soalĕ ning grumbulĕ aku urung kambah kabel listrik dadi ĕsih kudu nyalur neng umah sing ana dastangĕ. Dina kiyĕ jĕrĕ terahir bayaran listrik, angger ora jĕrĕ bisa didenda PLN. Genah nyong ora duĕ duit akhirĕ Tarmo ya tek semayani ngĕsuk, sementara kon ditomboki disit. Jan angger diibaratna penderitaanĕ inyong dina kiyĕ kaya wong tiba kerungkeb ,kurugan anda, terus digejug-gejug, bar kuĕ diidoih , kumplit plit..


Bojonĕ aku pancĕn lagi ngodĕ ning luar, tapi ning Malaysia, Bayarane ora gede sĕjĕn karo negara-negara lianĕ. Sebab ora duĕ duit ,mangkatĕ kudu utang, dadinĕ bayaran sing ora sepiraha kudu dipotong ben wulan nggo nyicil utang.Angger ngandelna kiriman sekang bojo paling-paling kur cukup nggo mangan thok, padahal ĕsih kudu mikirna biaya sekolaeh si Mela. Ahirĕ aku kudu gelem ngodĕ supaya si Mela tetep bisa sekolah, ya sengodĕnĕ Angger mangsan tandur pari aku melu tandur, mangsan matun aku mĕlu matun, anggĕr panĕn aku mĕlu derep, angger ora mangsan apa-apa ya berarti nglogog. Paling ngentĕni ana tangga sing prĕntah kon ngumbaih apa kon nggosok pakĕan.


Angger mikir kaya kuĕ aku dadi bingung karo omonganĕ kang Marno, apa ora melĕk ilok. Ujar-ujarĕ si aku wong keberan duit apa priwĕ dĕnĕng diomong ora bisa ngatur duit. Ari ngatur thok si gampang duitĕ kuĕ sing ora na na. Kudunĕ kang Marno ngerti kondisinĕ inyong, sebabĕ umaeh jĕjĕran karo aku kur keletan pacĕran. Mungkin kur nggo alesan ngedap ngutangi dadinĕ kakehen omong ditambaih ngumpa-umpa. Padahal kang Marno wong sing kepetung sugih neng grumbulĕ aku. Selianĕ dadi blandhong ,bojonĕ uga ngodĕ neng luar negeri wis taunan. Kang marno ning umah kur karo anakĕ thok, jenengĕsi Ita batir sekolaeh Mela anakĕ aku.


Ora sadar sangkin seriusĕ aku ngalamun ngreti-ngerti wis adan magrim,berarti aku ngalamun ngati rong jaman. Lagi baĕ aku arep menyat maring sumur arep wudu ijig-ijig ana wong nggedor-nggedor lawang karo kewowongan, “ Lik..… Lik jumirah…Lilikĕ ..abannĕ suaranĕ rosamen kaya wong lagi diudag setan mrekayangan. Aku gagiyan baĕ mlayu, mbuka lawang ,bareng lawange tĕk buka aku tambah kagĕt, Tarmo Anakĕ Yu Tarwen delengĕ ngos-ngosan karo kringetĕ gemrobyos…

Ana apa mo ??? aku gagiyan baĕ takon yong delengĕ Tarmo serius men. “ Anu yu… anu…, Tarmo glagepan njawabe ora genah . “ Iya anu apa ? aku takon maning , “ anu Lik.. dagese.. dagese.. urung di pangan mbok ??!! “ Lah berarti kiye bocah ngerti aku tes dikirim dages ding biyunge ilokaneng arep dijaluk maning deneng takon wis dipangan apa urung. Bagen ngko toli balik gondok. “ Urung Mo.. kaeh esih ngletak neng piring .. Priwesi arep dijalukmaning apa ?? aku gagian baĕ njawab. “ Sih.. maning.. Udu kaya kuĕ Lik.... “ Tarmo njawab karo madan jĕngkel. “ Angger urung di pangan tah ya sukur… soalĕ dagesĕ muroni..!!! “ Tarmo ngomong maning karo delengĕ madan aso. “ Muroni Mo? muroni priwĕ ? apa ana sing wis wuru ? dĕneng ko ngomong kaya kuĕ ??? “ aku takon ndritil baĕ soalĕ banget kagĕtĕ karo-karo mbok menawa ana apa –apa. “ Ia yu… akĕh wong sing pada wuru .. bapanĕ aku, biyungĕ, Kang Marno karo Ita, terus lik Tus karo bojonĕ, akĕh lah yu , siki wis pada di gawa maring PUSKESMAS… Tarmo ngomong karo mbep-mbep kaya arep ora rampung ngomongĕ. Krungu kabar kaya kuĕ sekal baĕ dengkulĕ aku pada lemes kaya dilolosi.


Sebab aku pengin ngerti sing sejelasĕ Tarmo tek gĕrĕd ko njagong disit ning Risban. Mikinĕtah bocaĕh arep ora gelem solae jĕrĕ arep gagiyan balik maring PUSKESMAS maning. Tapi aku maksa Tarmo kon Njagong disit soalaĕ aku pĕngin ngerti larah-laraeh karo aku juga arep mĕlu sisan tilik wong-wong sing pada wuru ning PUSKESMAS.


Nembe baĕ njagong aku gagiyan takon.. “ Primĕn Mo dĕnĕng bisa ana kedadian kaya kuĕ ???. “ Anu yu… Biyungĕ aku kan mau ĕsuk nembĕ sing pasar. Ndilalah bakul langgananĕ tawa dages murah dadinĕ diborong ,ngĕmuti sedulur-sedulurĕ pada seneng dages pikiranĕ biyungĕ mengko arĕp karo dibagi – bagi maring sedulur-sedulurĕ “. Tarmo mandheg sedĕla ari crita karo ndudut ambekan. “ Lah.. ning kĕnĕ sing dikirimi dages mau awan kan ninggonĕ Lik Jum karo Yang Marno ( Biyunge Tarmo kue mbokayunĕ aku, dasare wis eman kawit ganu, dadi pegaweane ngirim sedulur-sedulure ) ternyata dagese kue jĕrĕ anu urung mateng apa priwĕ aku gĕ ora ngerti jelas dadinĕ didol murah… jebulane malah kedadianĕ kaya kiyĕ.. “ Tarmo mipil lirih ari crita. Rainĕ genah men bocah lagi susah, mungkin mikirna keluargane sing lagi wuru , di tambah sedulurĕ ya pada mĕlu wuru sebab dikirimi dages ding biyungĕ.


“ Lah kondisinĕ siki kepriwĕ ?? mbok ora parah men ??? “ aku takon maning. “ ari biyungĕ, babapanĕ aku, tah ya wis Mandan mendingan sing ĕsih urung sadar baĕ tah Yang Marno Lik, soalĕ jĕrĕ ari mangan dages kakĕhen “ oh... aku kur komentar cindek, Kang Marno kuĕ mungkin sebab wong pelit, dadinĕ ana kiriman dages nden gotot men gagian baĕ dipangan. ( aku dĕnĕng jahatmen yoh ana wong susah koh ĕsih ngala-ala ) kudunĕ aku malah kudu kesuwun karo kang marno. Solaĕ gara-gara kang marno akau dadi slamet ora mangan dages. Gara-gara kang marno sing ari ngomong nylekiti aku dadi ora pengin mangan apa-apa., termasuk karo dages sing jan-janĕpanganan kelangenanĕ aku. Muga-muga Kang marno ora papa, di kayangapa jahatĕ kang marno aku ora pĕngin kang Marno mati. Manuk ulik-ulik abanĕ ĕsih moni baĕ.. tapi muga-muga udu pertanda ana wong arep mati. Aku gagiyan wudu terus magrib, bar kuĕ aku barĕng karo Tarmo maring PUSKESMAS.

( bersambung )

1 Comment:

diztly said...

cara-carane kiye lagi curhat sing nduwe blog apa priwe deneng kayong melasi temen..