selamat datang di gumelar.blogspot.com

Minggu, 07 Juni 2009

PAJEG RAI (kondangan )


Man Dakum ngelus-lus bathuk karo ngromed dewekan, neng ngarepe ana kertas warna warni di bungkus plastik mabrah-mambrah. “ huh… jan undangan koh gemridig bae.. gawe mumet ..!” wulan wingi ge nembe rampung siki wis akeh maning, paribasane ndudut ambekan urung rampung wis kudu mumet maning “ .


Saben ngadepi mangsan mbaranggawe Man Dakum mesti kudu ngrilakna weduse ilang siji, udu ilang di apa-apa tapi ilang didol nggo pranti kondangan. Karuan ora maido mikirna mumete, undangan bisa nganti 20 an jumlaeh saben mangsan kondangan . Jajal di pingna bae… angger wong siji 10 ewu ping 20 berarti wis 200 ewu, urung bojone ya kudu kondangan minimal beras rongkilo setengah angger per kilone digawe Rp. 5000 perak berarti 12.500 x 20 = Rp. 250.000,-, angger sedulur sejen maning biasane di tumpangi gula apa gawe panganan berarti biyayane lewih gede maning.


Man Dakum ora mati ngetokna duit 500 ewu saben ngadepi mangsan mbaranggawe, dadi ya maklum bae angger kudu adol wedus. Duit semono bagine man dakum duit sing ora sepetit. Anggaran nggo kondangan biasane ora keetung biaya rutin kebutuhane man Dakum saben wulane ,dadi angger pengin menuhi undangan wong mbaranggawe kudu ana anggaran sing dijukut sekang pos pendapatan sejen sing udu pendapatan sehari -hari, ya adol wedus kue mau.


Istilah kondangan angger dideleng sing bahasane berarti kon dangan, utawa kon enteng bagi wong sing lagi due gawe, dadine wong kondangan kuwe kudune sebab rasa iklas pengin mbatu wong lia sing lagi due gawe. Tapi sekiye kayanae wis ana pergeseran nilai sing tujuan awal. Kondangan kuwe kudune wujud guyub rukun warga sing di wujudna karo tulung tinulung aweh bantuan nggo sepada-pada dadi kaya kur nglakokna kewajiban kon ora isin karo sing ngundang, utawane sikye akeh sing ngistilahna wong kondangan kue pada bae Pajeg Rai.


Ndilalah bae angger wong ora kondangan sekligane sok ketemu karo wong sing ngundang … lah kuwe angger kaya kue isine ora karuan di tambah salah tingkah apan. Dadi sekiye wong kondangan akeh sing tujuane nggo pajeg rai kon ora isin angger sewektu-wektu ketemu. Rika pada termasuk sing ndi ilokaneng???? Heheheh


Sing jenenge wong mbarang gawe kuwe ana pirang jenis antarane, Wong Mantu ( mbojo ), Wong Nyunati, malah ana juga sing Nindhik uga nganggo ngundang- undang. Seliane kuwe ana maning sing kondangan tapi ora nganggo undangan antarane , wong Keba( meteng 7 wulan), wong lairan, wong nyambat, wong mati ( kipayah), wong 40 dina , 1000 dina lan lia-liane.


Angger di pikir mumeti karo mbebani khususe bagi sing ekonomine pas-pasan ,tapi ya kue mau, urip ning masyarakat pancen kudu ngumumMi, seliane kue gari-garine pada nyikapi sing bijkasana, soale kadang-kadang dewek juga dadi pihak sing butuh dibantu ding wong liya, dewek dadi pihak sing ngundang wong liya kon pada kondangan, dadi mubeng-mubeng ketemune tah balik maring awake dewek-dewek.


Man Dakum esih nglogog nglenggosoh ning risban, bojone delenge wis dandan arep ngajek kondangan. Ning sakke Man Dakum ana duit gari 5 ewu perak, mikir bingung arep sida kondangan apa ora soale biasane deweke kondangan minimal 10 ewu…. “ bagen lah 5 ewu ge.. sing penting Pajeg rai dari pada ora kanton kondangan”, man Dakum ngomong ning ati , trus menyat nusul bojone ning latar arep mangkat kondangan.

Tuk Banyumili



2 Comments:

Anonim said...

wah bahasane apiek tenan mlaketeket kaya siarane pak singa sing di siarake ananing RRI Purwokerto inyong sangat kagum bener tingkatkan kreasinya orang gumelar salam dari orang chiwaras

Gendu-gendu rasa kanggo warga Karang Kemojing. said...

Pajeg Rai,..........hehehe jan bagus banget,pancen nyata ..........