selamat datang di gumelar.blogspot.com

Jumat, 30 Oktober 2009

Geleman

Jan bendina kayong krungu gosip ora enak ning kuping.....
Si anu bocah geleman... si anu sok digawa negetan ding si anu... si anu sok katon metu sing hotel kae... jan nggegirisi retung.

Kadang sing ora ketemu pikir sing di gosipna bocah sing delenge meneng tur sing keluarga bener, maksude udu sing keluaraga berantakan. Mbuh apa masalaeh, tapi sing krungu abane sederhana.. Ana sing mung sebab butuh duit nggo pulsa utawa duit nggo memenuhi gaya hidup jaman sekiye.. kaya HP atawa Sandangan. Ana maning sing karena wong tuane terlalu eman lan kurang pengawasan. dadi ne bocah mabur- mabur ning njaba deweke malah ora ngerti. butul anake wis terlibat sek bebas atawa narkoba wong tuane tetep ora ngerti .

Seliane masalah-maslah ning duwur ning desane dewek pancen ana penyebab sing khas walopun kiye udu penyebab utama. Akehe wong sing pada maring Luar negeri dadine akeh wong lanang utawa wong wadon pada dewekan.. seliane kue akeh bocah sing kurang pengawasan lan kasih sayang merga wong tuane ana sing luarnegeri. Bisa dibayan na kedadiane???

Jaman tambah maju kadang juga akeh grugeknane. teknologi tambah berkembang akeh sing disalah gunakna. jaman sekie wong arep slentha kaya tambah gampang. Angger arep ngajek wong sletha gari ngirim sms utawa telpon.. ora usah mlipir mlipir karo umpetan mbok kewewruhan wong. Tapi akeh wong sing pada ngingetna angger ana wong wadon mulai dandan aneh-aneh karo sering lunga ngetan dewekan dianggepe wong mulai slentha. Ngetan anu wis janian ketemu karo wong lanang ning wetan... karuan hal kaya kuwe ora bisa di "generalisir" sebabe akeh wong juga sering sliweran karena memang ana kepentingan. Anger Wong lanang sering ngetan denneng ora diingetna yoh??? madan ora adil pancen hehehehe......

Aku sempat crita karo wong sing marakna Bathuk umeb tur ora trima... akibat marak gosip wong geleman ahire daerahe dewek jere siki mulai dicap nggone wong geleman.. Jan kayong mangkel atine aku. Aku arep protes karo sapa.. aku arep crita karo sapa??? jajal ayuh pada di surasa.....


1 Comment:

Unknown said...

Hahaha,,,, jan crtane kayong pas !!! Haha,,,, bgen pak.,, gumelar tetep tanah aire inyong !!