selamat datang di gumelar.blogspot.com

Kamis, 25 April 2013

Bapakku...

Awan kuwe Jimy Kucluk agi dikongkon nang mbekayune tuku kletikan nang Pasar Wage. Ndilalah pas liwat nang prapatan Pasar Wage ana rubung-rubung rame banget. Weruh rubung-rubung rame, Kucluk sing nduwe sifat kaya wartawan apa-apa pengin ngerti langsung ngendegna montore.


"Ki ana apa geneng rame banget," Kucluk takon maring wong tuwa sing melu rubung-rubung.

"Mbuh inyong ya ora ngerti, tapi jere a...nu ana tabrakan," jawab wong tuwa sing jebul jenenge Robet Daplun.

"Sapa sing tabrakan," Kucluk takon maning.

"Ya mbuh ya... weruh be durung, dadi bocah koh gujih temen," Kaki Daplun gole njawab mandan atos.

"Lah jenenge be pengin ngerti ya takon, kaya kuwe tok be kesuh," balas Kucluk.

Kucluk sing pengin ngerti banget langsung bae maring nggon rubungan. Sayang Kucluk kiye bocaeh endep, dadine ora bisa weruh korban tabrakanne kaya ngapa. Arep melu nrombol sing nonton akeh banget, awake gede-gede maning.

Weruh kaya kuwe Kucluk dadi kemutan kembang gula sing digawa nang njero tas. Kaya iklan nang tv, kembang gula mau langsung diemut. Mbarang ngemut kembang gula mau bener bae, Kucluk langsung olih ide cemerlang ben deweke teyeng nerobos nonton tabrakanne.

“Minggir-minggir, tulung pada minggir kabeh, inyong anake sing ketabrak, tulung aweh dalan, kuwe bapake inyong sing ketabrak," Kucluk mlaku karo ngorong-ngorong.

Bener bae, mbarang deweke ngomong kaya kuwe, wong-wong langsung kaya kena hipnotis, kabeh pada minggir aweh dalan nggo Kucluk. “Dasar mantap kembang gula kiye,” batin Kucluk.

Tapi mbarang gutul lokasi kejadian, Kucluk langsung pucet, rasane isin banget. Jebul sing ngatang-ngatang nang ndalan gubres getih anu kethek ketabrak montor.

"Radar Banyumas"

0 Comments: