selamat datang di gumelar.blogspot.com

Sabtu, 04 Mei 2013

Erram...


eRrAmm..!!

Unggal arep ana coblosan Kepala desa utawa lurah nang ndi bae termasuk ning Gumelar , mesti suasanane dadi anget,rame,wong pada ngalor ngidul liwud nggoleti sing jenenge biting,kabeh-kabeh de akoni sedulur,kabeh-kabeh nudokna calon sing kadu de dukung mbari ngomong lan mbukaki apa bae keapikan sing tau de lakoni ding calone dewek cara basa kerene ya Promosi.

Rakyat jelata kaya raja pengrasa,kabeh wong pada takonan,kabeh wong pada dolan maring umaeh. Sing biasane wong preyayi ora gelem celak-celuk maring wong bleketer,siki pada gelem glaukan nyeluki wong pinggiran, sing biasane juragan lemah ora tau gelem ngguyu acan maring kaum buruh, siki rosa nemen goli nyeluk wong tukang ngileni wangan.

Kue fenomena nek Pilkades esih madan adoh tanggale, nek wis madan perek selot katon pilihane,selot katon etungan calon biting,tim sukses masing-masing calon utawa botoh selot ngerucutna etungan pendukunge endi sing melu deweke endi sing melu liane wis kecatet ding tukang cek (ceker), biasane estimasi perhitungan calon biting de cek langsung unggal umah.

Nah angger wis butul ngeneh wis mulai katon sapa sing pendukunge calon A,sapa pendukunge calon B, angger wis kaya kie biasane mulai terjadi gesrekan,wis mulai mbedak-mbedakna tongkrongan,wis mulai gawe rubungan dewek dewek.

Suasana selot panas, wong sing ora sejalan pating plengos,pating japrut jane ya anu dasar raine wagu kaku jeger njepaprut kaya lap kanebo garing..hehehe....sing rumangsa due kuli, nek ora pada pilihane karo deweke ya de pecat, tukang nggarap sawah nek ora gelem melu pilihane sing due sawah ya kon gantung pacul liren olih nggarap sawah,supir sing ora manut karo sing due mobil kon balik nglanthung.

Kie angger kaya kie jane kepriwe olih nyikapi,jere sing jenenge pilihan kue bebas, ora nana paksaan,jenenge ge demokrasi, tapi kenyataane akeh sing ngalami paksaan kaya ning duwur mau, ya ari sebatas ngajek tok si olih-olih bae tapi wis ngasi ngancam dalan pangan, wis ngasi urusane kue karo isen-isen weteng..eram !!! …   tu bi kontinyu…


By :wizteguh nugroos


2 Comments:

Anonim said...

Eram yoh pak

Anonim said...

eram goram...