selamat datang di gumelar.blogspot.com

Senin, 06 Mei 2013

eRRamm..!!


Sumuk Ora kringeten..

Nah kie sing lewih penting maning, angger bar coblosan, sing marakna gubes toli anggrer wis mulai penghitungan, angger esih ning lapangan tempat pencoblosan kue olih surak-surak jan kaya pantese ana gempa toli melasi karo sing lagi kalah, wis lagi kalah de suraki, de iwi-iwi, de wadani!!

Marakna sing kalah emosi, sing menang togas tages sing kalah jaaan...ora bisa mrenges!! Jane ya anu wajar sing menang pada ngrayakna kemenangan angger esih ning nggon coblosan tah, sing jane rawan senggolan lan gesekan toli angger  wis balik ngumah esih pada ibing-ibingan karo ngenyeki sing kalah, kue marakna panas, marakna banyu anget dadi umeb ya ari kedadiane kur  de plintir godege tok, angger ngosi adu kepel apa ora nyonyor?? Sing rugi kabehan angger ngasi urusan karo pulisi, rugi wektu, rugi tenaga, ya ari ora kadu tuku rokok dewek apa ora rugi duit?? Sing kadune wektu nggo kerja, nggo nyambut gawe malah ketungkul ngurusi ngalor-ngidul sing kadu nyuda duit ning dompet, rugi..pokoke rugi...

Mulane sedulur mayuh pada sing dewasa, pada sing mahami apa kue arti demokrasi, beda pilihan olih tapi aja ngasi terus dadi musuhan, warung ora de tukoni, sedulur ora de takoni, dalan pada de pepeti, tukang ojeg ora de boncengi!!

Sekie de pikir maning jane anu pada mbelani apa?? Sing menang ya kur marem krasa menang jog-joge ya anu ora arep dadi apa-apa, sing kalah ya angot pisan donge kondangan temen tah nggolet isi amplop ning dompete dewek, udu ning dompete calon lurah apamaning dompete botoh, bocah nom ya temen-temen tah kadu nggoseki bentinge biyunge angger cangkeme krasa kecut.

Mayuh sing kene ngarep angger ana Pilkades pada aja ece-ecean, aja pada panas-panasan, aja gontok-gontokan, sing aso bae sing kalem bae, sedulur aja pedot, kanca aja pada kewel, batir aja pada musuhan. Eman-eman tenagane, eman-eman pasedulurane, eman-eman...mbathi-mbathi sumuk ora kringeten...eRRamm!!

by : Wizteguh nugroos

1 Comment:

Unknown said...

bener kuehh,..